Sabtu, 22 November 2014
(BUKAN) IMAGINARY CHAT
Dolob: Jare lagi ra enak body jeng, wis sehat rung?
Mitha: Alhamdulillah wis lumayan. iki sopo yo? Rung ono neng phonebook
Dolob: Udu sopo2 kok, mung lare nggunung
Mitha: Sopo? Sulungguh po?
Dolob: Udu, emange sing lare nggunung gur kang sulungguh thok!
Mitha: Njur sopo kowe?
Dolob: Yo tebak wae kowe kan pinter
Mitha: Wooo tak jenengi paijo wae yo?
Dolob: Asemik... berarti kowe paijem wkwkk
Mitha: Lagi nengdi kowe jo paijo?
Dolob: Takon-takon koyo polisi wae!
Mitha: Wooo dasar paijo gebleg, ndene kowe tak nggo umpan mancing boyo wae
Dolob: Boyo ki ora kanibal yo, mosok boyo arep mbok umpani boyo??
Mitha: Rasido ding boyone ra gelem soale kowe kan babi, haram!
Dolob: Saiki tak takon ngopo kok anak babi mlakune nunduk??
Mitha: Lha mbuh ngopo takon aku wong babine kowe
Dolob: Salah, sing bener soale isin duwe wong tuwo babi
Mitha: Wooo kurangajar kowe ngece wongtuamu dewe, tobaaaat tobaaaaat le....ndak kuwalat
Dolob: Saiki ngopo anak macan kok mlakune ora nunduk?
Mitha: Takon-takon koyo polisi wae
Dolob: Salah meneh... jawabane soale ora isin, kan wong tuone udu babi
Mitha: Ah mbuh luweh
Dolob: Skor 3-0 iki, kowe dihukum ilang tato huruf W neng tanganmu mengko bengi jam 12. Lagian hare gene mosok tato neng tangan, ra gaul babar blas!
Mitha: Yo ben, njur sing gaul nengdi?
Dolob: Tato neng untu!
Mitha: Oiya soale untumu kan ono sing sila, ono sing sujud, ono sing sedekung...
Dolob: Yo ben, daripada untumu karaten
Mitha: Enak aja, aku rajin scling yo
Dolob: Rajin scling tapi untumu ra tau dizakati dadi yo percuma
Mitha: Jahat bgt sih
Dolob: Kowe kan nek dijahati malah apik tapi nek diapiki malah jahat!!!
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar